Minggu, 20 Juli 2008

Sambutan Penganten

Assalamu'alaikum Wr Wb
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.

Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi. Amin

Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati

Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak ..... ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak ..... sekeluarga boten kesupen Bapak .... sekeluarga ngaturaken gunging panuwun ingkang kathah.

Ingkang kaping kalih Bapak ..... sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati !

Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak ... selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo ....... Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Ingkang pungkasan mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien.

Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.

5 komentar:

opang-gallery mengatakan...

Hehehe... respon pertama saya adalah ketawa takjub menemukan blog ini. Jadi teringat kala SD semua siswa disuruh maju di kelas untuk memberikan sambutan sunatan sebagai test pelajaran boso jowo. ... Sae sanget! Mugi sukses kagem panjenengan. Suwuun....

opang-gallery mengatakan...

nyuwun sewu, ijin kutip di blog saya nggih...

Anonim mengatakan...

ada yang punya info kursus pranoto coro disurabaya ngga?
tlng ya.. sy pingin banget soalnya krama inggil sy bleketut2 :) padahal ibu sy orang jogja. isin aku ora iso basa krama inggil sing lancar.
alamat dan no telp kursus pranoto coro jawa di surabaya, tolong sms di no 08812785547.
matur sanget nuwun.

joni s wibowo mengatakan...

Katur Blue Planet: Kursus Pranotocoro, ing Sanggar MAkutho, Asuhan Drs.Suprawoto, Jl. Tambak Madu, Surabaya. Sumonggo dipun padosi, nyuwun pangapunten nomoripun kasupen....

Rifa'i Kurdi mengatakan...

Kok mboten saget dikopi to Mas?, lha kulo yen badhe nyimpen file meniko ten pundiiiii??, ampun medit-medit laah, podo-podo wong jowone.