Jumat, 25 Juli 2008

0

Sambutan khajatan khitan

dalam proses

Read More..

Minggu, 20 Juli 2008

5

Sambutan Penganten

Assalamu'alaikum Wr Wb
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.

Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi. Amin

Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati

Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak ..... ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak ..... sekeluarga boten kesupen Bapak .... sekeluarga ngaturaken gunging panuwun ingkang kathah.

Ingkang kaping kalih Bapak ..... sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati !

Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak ... selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo ....... Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Ingkang pungkasan mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien.

Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Read More..
0

Sambutan Mengeti Kebangkitan Nasional

Assalamu'alaikum (Salam sejahtera)

Matur nuwun dumateng pranoto hadicara ingkang sampun paring wedal dumateng kulo. saderenginpun monggo kito sami manekung pujo dumateng ngarsa dalem gusti ingkang sampun paring kanugrahan dumateng kita sedaya sainggo kita saged makempal ing ngriki mengeti hari kebangkitan nasional ingkang sampun kalampah setunggal abad.
Bapak kepala sekolah ingkang kawulo hormati,bapak soho ibu guru, karyawan ingkang kawulo hormati,kaliyan para murid ingkang kawulo trenani, ing dinten menika kita sareng2 mengeti hari kebangkitan nasional ingkang sampung ngancik kaping satunggalatus. kanthi dinten menika monggo kito sami ngeling-eling semangatipun para pangadegipun yayasan boedi utomo, kanthi kahanan jaman semanten temtu mawon perjuanganipun temtu ageng sanget.
Kanthi meniko kita samenika kedah ngadahi semangat ingkah langkung makantar-kantar kangge mbangun negari kito. kanthi semangat makantar-kantar kito temtu saged uwal saking krisis menika.temtu mawon kito ingkang wonteo pawiyatan meniko saged mbangun negari kito kanthi para siswo sinau kanthi tenanan,para guru mulang kanthi sabar sainggo para siswo saged nampi ilmu ingkang dipun wulangaken, para karyawan anggenipun nglayani guru saha murid kanthi sabar, kepala sekolah ngemong kanthi tlaten.
Kanthi meniko tamtu mawon sekolah kito ngadahi prestasi ingkang sae. menawi sekolah2 ing indonesia meniko ngadahi prestasi ingkang sae temtu mawon ngadahi warga ingkang pinter,temtu mawon mboten pinter korupsi nanging pinter ngolah bahan - bahan ingkan sampun cumepak ing bumi indonesia.sainggo negari mboten sah import sedaya kebutuhan kagem rakyat. langkung langkung menawi kito saged export temtu mawon rakyat langkung makmur. mugi2 kanthi dinten meniko kito saged gummregah maju mbangun negari kito kanthi semangat indonesia bisa.
Mekaten ingkang saged kulo aturaken. kulo meniko manungsa limprah temtu mawon kathah kalepatn anggen kawulo matur kanthi meniko kulo nyuwun agenging sih samudro pangaksami.wader kali sesonderan apuranto lepat kawulo. nuwun nuwun maturnuwun. wedal kulo kunduraken dumateng adimas pranata hadi coro,
Nuwun.

Read More..