Selasa, 15 Juli 2008

Pasrah Walimah (Ubarampe Paningset)

Kulo nuwun, kanthi handhaping paminta sih hangaksama, kaparenga kula sumela swasana saking sawatawis, saperlu matur ing ngarsanipun bapak /ibu ….. ingkang tuhu kunurmatan.
Nuwun, sowan kula sakadanng ing ri kalenggahan menika, adhapur duta sarayanipun (kadang/kangmas….) kula pun asma …….. sekaliyan, kinen ngemban Tri Wigati. Tri wilangan tiga, Wigati wigatosing atur:

Purwaning Gati:
Kanthi ngluhuraken Sih Nugraha dalem Gusti Ingkang Maha Suci lampah kula sakdang saking ….. ngantos dumugi mriki, pinaringan rahayu wilujeng kali sing sambekala.

Madyaning Gati
Cundhuk golong-gilingipun rembag ingkang sami bade bangun bebesanan, ing ri kalenggahan meniko kula rinesaya masrahaken pangengeripun badhe penganten jalu, bagus…… saha sawatawis uba rampe paningset minangkat walimah kagem badhe penganten putrid ingkang sesilih rara…….

Wasananing Gati
Hawit gothang-cingkranging kawontenan miwah cubluk kuthunging pemanggih, sadaya ingkang kula aturaken menika tetela kirang sampurno kepara kebak ing kuciwa, ingkang menika kula naming saged nyuwun pangaksamai, borong ing panampi.

Pada purnaning atur kula, sasampunipun Purwa, Madya, Wasananing Gati sampung kula aturaken kanthi jangkep, sakathahing kelepatan anggen kula matur, kulo nyuwun lumunturing sih jalanidhi pangaksami, nuwun matur nuwun.

0 komentar: