Selasa, 15 Juli 2008

Atur Panglamar

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, kanthi munjuk suka syukur ing Ngarso Dalem Allah Ingkang Maha Agung, keparenga kula swasana saking sawatawis, mastuti jejibahan ingkang kula tampi, kalilalana matur ing ngarsanipun Bapak / Ibu ……. Ingkang winantu ing karahayon.
Ing ri kalenggahan punika, kula ingkang sinaraya minangka duta utusanipun Bapak / Ibu ……. Ingkang pidalem ing ……., kinen ngaturaken Tri Wigati.Tri inggih menika wilangan tiga, Wigati inggih wigatosing atur:

Purnaning Gati
Kulo kinen ngaturakaen salam taklimipun bapak /ibu …. Sakaluwarga, katur bapak / ibu …. Sakaluwarga kanthi atur “Assalamu’alaikum Warohmatullah hi Wabarakatuh.

Madyaning Gati
Cundhuk bebasan anak polah bapa kepradah. Inggih ing ri palenggahan puniko kulo kautus hangebun-ebun enjang, hanjejawah sonten, kinen ngaturaken panglamaripun Bagus….. sunu jalunipun Bapak / ibu…… dating Rara …………. Puteri siwinipun Bapak / ibu ….. ingkang tuhu pinilih Lillahi’ala.

Wasananing Gati
Sru panyuwunanipun Bapak / Ibu …. Mugi panglamar ingkang sarwa prasaja punika, saged katampi kanthi suka legawaning panggalih saking Bapak /Ibu …… sumrambah ing sadayanipun, Ain Ya Robbal ‘Alamin

Pada purnaning atur, sasampunipun Purwa, Madya, Wasana wasananing gati kados sampun jangkep kulo aturaken jejibahan kula minangka duta utusanipun Bapak / Ibu ……
Sakathaing kalepatan miwah kirangipun suba sita anggen kula matur, kula nyuwun diagung pangaksami.
Akhirul kalam Billahi Taufiq wal Hidayah
Wassalamu ‘alaikum Warahmatullah Hi Wabarakatuh.
Nuwun, Matur nuwun!

0 komentar: